Pangombènipun Tiyang Sakit Mêjên
18 December 2023 | | By : admin
Oyot jambè sadariji panjangipun, oyot kalapa panjangipun 7 dariji, babakan dhuwêt panjangipun 7 dariji dipungodhog kalayan sêcang15 saga.widara pêthak, cêndhana jênggi.sami wawrat 20 saga.kajêng ulet 7 iji. Rasuk angin, jamur impês, sami wawrat 10 saga. godhong sangkèt 2 lêmbar. Jamur brama 5 saga. toyanipun sakuwali. Dipungodhog kantuna sapalih. Kanggé pangombèn sabên dintên. Sampun ngantos ngombé sanèsipun. Tuwin sampun nêdha panas tuwin pêdhês. Angunjuk inuman sasaminipun. Tuwin nêdha daging sasaminipun. Angêmungna nêdha sekul kaliyan ulam dhèndhèng kabakar dipungêpuk. Tuwin bubur gorêt anggènipun nganggé jampi laminipun ngantos 7 dintên . janji sagêd jagi têtêdhan lajêng mulya.